Postingan

Artikel Sungkeman

Nguri-uri Kabudayan: Sungkeman ing Adat Jawa Sungkeman iku salah satunggale tradisi ingkang dados ciri khas kangge masyarakat Jawa, ing adicara sungkeman biasane ditindhakaken kangge jangkepi salah satunggale adicara umpamanipun adicara salaki rabi. Sungkeman saking tembung 'sungkem' ingkang ateges simpuh utawi lenggah sujud sinambi ngambung asta. Wontene tujuwan sungkeman injih punika atur bekti dumateng tiyang sepuh minangka wujud bektosipun tuwin iden palilah kagem miwiti gesang enggal. Kejawi saking munika, nyuwun doa pangestu supados bebrayan rukun ugi langgeng. Sungkeman ugi wujud pratanda raos syukur awit katresnan lan pangorbanan tiyang sepuh. Ngiataken sesambetan kluwarga ing antawis kalih kluwarga ageng. Tata cara nindakaken sungkeman kaping satunggal nyiapaken lelenggahan ingkang langkung inggil lan ngajak kekalih tiyang sepuh lenggah rumiyin. Dipun lajengaken nyepeng asta kali ingkang ateges salaman, asta kekalih sesarengan kalian sirah tumungkul tuwin lenggah simpu...