Artikel Sungkeman

Nguri-uri Kabudayan: Sungkeman ing Adat Jawa

Sungkeman iku salah satunggale tradisi ingkang dados ciri khas kangge masyarakat Jawa, ing adicara sungkeman biasane ditindhakaken kangge jangkepi salah satunggale adicara umpamanipun adicara salaki rabi. Sungkeman saking tembung 'sungkem' ingkang ateges simpuh utawi lenggah sujud sinambi ngambung asta.

Wontene tujuwan sungkeman injih punika atur bekti dumateng tiyang sepuh minangka wujud bektosipun tuwin iden palilah kagem miwiti gesang enggal. Kejawi saking munika, nyuwun doa pangestu supados bebrayan rukun ugi langgeng. Sungkeman ugi wujud pratanda raos syukur awit katresnan lan pangorbanan tiyang sepuh. Ngiataken sesambetan kluwarga ing antawis kalih kluwarga ageng.

Tata cara nindakaken sungkeman kaping satunggal nyiapaken lelenggahan ingkang langkung inggil lan ngajak kekalih tiyang sepuh lenggah rumiyin. Dipun lajengaken nyepeng asta kali ingkang ateges salaman, asta kekalih sesarengan kalian sirah tumungkul tuwin lenggah simpuh ing sak ngajengipun tiyang sepuh. Sasampunipun, kalajengaken ngambung astanipun tiyang sepuh ing mriki penganten alon-alon nyepeng astanipun tiyang sepuh, lajeng ngambung astanipun tiyang sepuh. Ing tataranpunika, penganten saget maturnuwun kanthi tulus. Sasampunipun purna tiyang sepuh saget ngambung penganten ing pipi tuwin bathuk.

Wonten ing adicara sungkeman, penganten bisa ngluwarake sedaya unek-unekke ati, bener-bener nyesel kaliyan nyuwun ngapura kanthi tulus sedaya kalepatan ingkang disengaja utawi boten disengaja. Kajawi menika, raos matur nuwun kanthi dipun raosaken ugi kados pundi jasanipun tiyang sepuh ingkang sampun nglahiraken, mulang, lan nggedhekake dumugi sak menika.

Tuladha pangucapane nalika nindakake sungkeman yaiku, "Duh Bapa lan Ibu, sungkem kula dateng panjenengan mboten namung nyuwun idzi pangestu dateng panjenengan bilih kawula badhe mbangun griya ingkang enggal. Mugi-mugi kanthi ridho lan pangestu panjenengan, keluarga kula dados keluarga ingkang sakinah, mawaddah, warrohmah."

Sungkeman yaiku salah satunggale prosesi penting ing nikahan adat jawa ingkang sarat kalih makna lan simbolisme. Tradisi menika sanes kangge sekadar ungkapan raos urmat lan matur nuwun marang wong tuwa, nanging uga ngandhut nilai-nilai luhur ngenani kerendahan ati, kabersamaan, lan penghormatan marang leluhur. 


Diserat dening: Diaz, Ghani, Himawan, Natasya, Yosefin, Zahra 

Komentar